Ana unen-unen sing ngunekake "Ora ngenal mangka ora sayang", banjur tak tambahi maneh "Ora sayang banjur dolar ora teka". Perkara sing dhisik lan utama yaiku sing kudi dilakoni yaiku ngenal. Ngenal apa wae kudu saka kabeh aspek (= wadhuh iki basa Jawane apa ya?). Salah sijine yaiku negnal adsense. Sak benere nek diitung-itung, aku uwis rada suwe ngenal adsense,
kurang luwih meh setahun kapungkur. Yaiku ngepasi tanggal 17 Romadhon 1427 H. utawa wulan Oktober 2006 M. aku mlebu utawa join adsense, tapi lucu banget tekan seprene aku durung bisa oleh dollar sepeserpun. Ning njero atiku nangis karo ndedonga
"Dhuh Gusti... kapan ya aku bisa entuk dollar, kaya dene Mas Cosa Aranda?
Muga-muga ana sing gelem mbantu aku."
Aku ngenal adsense dhisik dhewe liwat training online ning salah siji web kanthi bayar. Ya
lumayan sih. Suwe-suwe aku tekor, durung oleh dollar ee.. rupiah amblas. Kok tega-tegane padha-padha uwong Indonesia adol (mengkomersiilkan) ngilmu. Sak jane ning ndonya internet (ideale), ngilmu kuwe dibagi nganggo cara gratis. Iya nek sing dibahas ora ketinggalan jaman basa Inggrise yoiku up to date lan nduweni kualitas sing apik, lh nek ora? Sateruse aku golek-golek informasi sing mbahas adsense. Kaya biasane liwat situs sing beken. Mesthine sampean ngenal to? Google?. Waah… makhluk apa meneh kiye? Ayu apa ora ya? Nganggo google aku nglebokake tembung sing dadi kunci yaiku "adsense" sing nganggo pilihan bahasa Indonesia. Walah sing metu mung sethithik wektu kuwe. Salah sijine yaiku Adsense-Id. Ora nganggo suwe maneh, aku banjur mlebu dadi anggotane Adsense-Id. Ning kene aku akeh ngenal para publisher (iku lho tukang masang iklan) sing saka bangsa Indonesia. Akeh lho senior-senior ning kana. Saka Adsense-Id iki aku iya ngenal Mas Cosa Aranda. Aku kepincut karo komentare sing ditulis ning forum kuwi, didelok saka komentar-komentare sing kepenak diwaca lan sopan
kara sapa wae mesthi uwong iki nduweni watak sing apik. Banjur aku nyoba ngoleki website/blog niche nggone dheke. Grubyak!! Nyata tenan lumayan akeh web/blog nggene dheke.
Meh kabeh blog nggone Cosa Aranda nganggo basa Inggris. Tapi sing siji iki beda yaiku sing nduweni alamat CosaAranda.Com utawa bisa sampean tekani ning CosaAranda.Net. Blog ini dikhususake kanggo uwong-uwong Indonesia sing kepengin belajar adsense saka kabeh kalangan. Saka pemula, menengah apa meneh sing uwis senior supaya bisa bagi-bagi pengalaman.
Sampean bisa belajar adsense ngliwati blog siji iki. Ngenani materi-materi sing diwenehake ning CosaAranda.Com, sampean bisa nyinanoi kaya dene: Apa iku AdSende?, Gampang apa ora AdSense?, Istilah-Istilah AdSense, Cara Ndaftar AdSense, Aturan AdSense, Tehnik Dasar AdSense, Optimasi AdSense, Pitakonan AdSense, Konsultasi AdSense.
Ora mung nyinaoni adsense thok sing sampean bisa olehi ning blog CosaAranda.Com.
Sampen bisa sinau lan utawa nglandhepake ngilmu-ngilmu liya kayata sinau Wordpress, sinau masak pisang goreng anget (saiki wis mulai adhem lan langka sing ngelirik), sinau mancing, sinau SEO/SEM, saumpamane ana kabar program sing anyar sampean bisa nyimak lan melu prongam anyar kuwi liwat blog iki.Kabeh diajarake GRATIS lan sampean bisa konsultasi langsung nganggo cara ngirim e-mail, liwat YM, utawa liwat HP iya bisa..